Rabu, 02 Desember 2015

Tuladha Resensi Buku "Psikologi Pendidikan"



RESENSI BUKU
Irah-irahan Buku         : Psikologi Pendidikan
Penulis                         : 1. Dr. Achmad Rifa’i RC, M.Pd
  2. Dra. Catharina Tri Anni, M.Pd
Bahasa                         : Indonesia
Penerbit                       : Unnes Press
Taun Terbit                  : 2012
Papan  Terbit               : Semarang
Jumlah Halaman          : 237 halaman
Kandel Halaman         : 1 cm
ISBN                           : 978 602 8467 02 5

RINGKESAN BUKU
Buku sing dikarang dening Dr. Achmad Rifa’i RC, M.Pd lan Dra. Catharina Tri Anni, M.Pd iki, njelasake babagan konsep lan teori psikologi pendidikan sing luwih rinci. Buku Psikologi Pendidikan sing jumlahe 237 halaman iki ngandharake bab-bab sing penting dimangerteni marang peserta didik. Dene bab sing kaping pisan yaiku hakekat psikologi pendidikan lan pendidik kanggo agen pamulangan. Ana ing bab iki dijelasake pangerten babagan psikologi pendidikan, yaiku kajian manungsa sinau ana ing latar pendidikan, efektivitas intervensi pendidikan. Sabanjure yaiku ngenani peranan psikologi pendidikan, sing diandharake yaiku tujuan pendidikan, ciri-ciri peserta didik, proses sinau, strategi sinau, lan evaluasi. Sing pungkasan ing bab iki yaiku pendidik kanggo agen pambelajaran.
Bab sing kaping pindho ngandharake babagan hakekat perkembangan, lan isih dijelasake maneh ngenani pangerten perkembangan, prinsip-prinsip perkembangan, ciri-ciri perkembangan, lan sing pungkasan yaiku tugas-tugas perkembangan.
Sabanjure yaiku bab sing kaping telu njelasake babagan perkembangan kognitif lan bahasa. Ing bab iki dijlentrehake babagan teori Piaget ngenani perkembangan kognitif, sing ateges konsep kunci iku ana papat yaiku skema, asimilasi, akomodasi, lan ekuilibrium. Babagan teori Bruner ngenani perkembangan kognitif, njlentrehake enem kunci perkembangan kognitif antarane perkembangan intelektual iku ditandani ningkate variasi respon karo stimulus. Teori kaping telu yaiku Vigotsky ngenani perkembangan kognitif, sing njlentrehake babagan pandangan lan implikasi ing pasinaon. Lan sing pungkasan njelasake perkembangan bahasa.
Bab sing kaping papat ngandharake babagan perkembangan psikolosial lan moral. Ing bab iki njlentrehake ngenani perkembangan personal lan sosial, faktor-faktor sing duwe pengaruh marang perkembangan sosial. Sabanjure yaiku njlentrehake babagan perkembangan perasaan lan emosi sarta perkembangan moral. Sing bab lima njelasake hakekat sinau, yaiku ngenani pangerten, unsur-unsur, hasil, hirarki, prinsip lan faktor sing dadi pengaruh sinau.
Bab selanjute yaiku teori sinau behavioristik, teori sinau kognitif, lan teori sinau humanistik. Lan isih dijlentrehake babagan motivasi sinau, hakekat pesinaon, teori-teori pasinaon, pembelajaran konstruktivisme lan kontekstual, lan kang pungkasan yaiku asesmen hasil sinau.
KAUNGGULANE BUKU :
1.      Buku Psikologi Pendidikan iki ngandharake materi kanthi runtut ngenani tahap-tahap sinau lan teori-teori sinau.
2.      Isi buku pas banget kanggo model pasinaon peserta didik.
3.      Gambar sampule buku cocog karo judul buku lan warnane menarik disawang.
KEKURANGANE BUKU :
Materi sing dijlentrehake ing buku Psikologi Pendidikan iki akeh banget, lan nyebabake perserta didik angel anggone mahami isine.
SARAN :
Isi buku aja akeh-akeh anggone jelasake, cukup dijupuk inti permasalahane wae.

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates