Kemis, 2 April 2015, aku nonton
pagelaran wayang kulit sing manggone ana auditorium Universitas Negeri
Semarang. Pegelaran kuwi dianakake kanggo mengeti Dies Natalis 50 tahun
Universitas Negeri Semarang. Acara diwiwiti jam 9 bengi lan sebagian para
dhosen, mahasiswa, uga warga sekitar padha ngebaki papan panggonan pegelaran
wayang kulit.
Sing padha teka nonton pagelaran wayang
di sambut karo pager ayu jejer-jejer ana ing lawang mlebu pegelaran. Ana kono
uga disediani wedang putih karo panganan kayata gedhang godog, kacang godog,
lan telo godog. Uga papan panggonan sing katon apik lan jembar banget.
Siji-siji kursi padha dilungguhi pamirsa nganti ana sing ora entuk kursi.
Sing dadi MC
utawa panatacara yaiku Bapak Widodo Wikandana salah sijine. Sawise MC
ngandarake rantaman acara, banjur dibuka kanthi ngucap waosan basmalah
bebarengan. Sambutan kaping pisan yaiku Bapak Widodo Broto Sejati. Sambutan
kaping pindo yaiku saka bapak Rektor Universitas Negeri Semarang, kang
ngandarake atur panuwun marang bapak ibu dhosen, mahasiswa, lan uga warga sing
padha nonton ana kono. Sawise sambutan, uga dibacutake penyerahan tokoh wayang
saka bapak Rektor marang bapak dalang yaiku Ki Mantep Sudarsono.
Tokoh wayang sing
diserahake yaiku Pandawa. Penyerahan purna, gamelan banjur di tabuh kairingan
sinden sing padha nembang kanggo miwiwiti lelakoning pagelaran wayang kulit. Lakon
sing dicritakake Ki Mantep Sudarsono yaiku Pandawa Nugraha (Wahyu Jamus
Kalimasada). Cuplikan critane yaiku Pandawa sing lagi di hukum di guwak ana
alas wana prasta lan dianugrahi pusaka yaiku jamus kalimasada.
Ana ing
auditorium kono saya bengi tambah rame wong nonton, apa maneh wong dodol
panganan lan dolanan padha jejer-jejer ing pinggir dalan. Sasuwene nonton
wayang karo antuk-antuk, kira-kira jam 11 metu gareng karo cangik kang diarani
limbukan. Kahanane dadi rame lan lelucon-lelucon sing ngguyokake ndadekake sing
maune ngantuk dadi bisa melek padang maneh.
Nganti
tekan jam 3 esuk sing nonton uwis padha kelong, amarga kahanane udan. Wong sing
padha dedodolan wis padha kukut. Namung lampahan utawa lakon isih dibacutake nganti
paripurna kurang luwih jam 4 esu
0 komentar:
Posting Komentar