Senin, 28 Desember 2015

Geguritan "Sepi ing Wayang Wengi"



Sepi ing Wayah Wengi
Dening : Armin Retno Vitasari

Ora ilang saka padhangan iki
Nyenyet kahanan ing njaba
Peteng ora ana sliweran wong lewat
Rasane kaya pengen mbengok
Nanging ora wani
Ora wani karo sepine kahanan wengi
            Rina wengi rembulan sing tansah ngancani
            Padhange nembus celah ing godhong-godhong
            Nanging wayah padhang mbulan ora ana bocah metu
            Metu kanggo dolanan bebarengan
            Sing tak sawang namung klibetan godhong
            Kanginan ing wayah wengi

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates