Aja Remeh Karo Wong Cilik
Dening : Armin Retno Vitasari
Ora kaya biasane, dina
kuwi Panji katon sedhih namung kancingan lawang ana kamare. Priya sing resik
tur anake wong sugih kuwi pancen akeh sing nyenengi nanging Panji durung cocok
karo kekarepane. Ana wong wadon sing pancen diincer karo Panji, wong wadon kuwi
mau jenenge Meliana. Pawongane lencir kuning, dhuwur lan ayu praupane. Nanging
Panji durung wani ngandharake perasaane kuwi. Dheweke katon sedhih amarga ibune
ora nyarujuki menawa Panji tepung karo Meliana. Pak Kardi bapake Panji wis
tilar donya nalika Panji iseh SMA. Dene Bu Ratih kuwi nyambut gawe ana
sawijining bank swasta.
“Kula pamit mangkat
kerja rumiyin, Bu!” tuture Panji marang ibune karo ngathungake tangan nyalami
Bu Ratih.
“Iya, ngati-ati anggonmu nyambut gawe
lan dieling-eling welinge ibuk, aja nganti kowe tetepungan karo Meliana ya,
Le!” jawabe Bu Ratih. Nanging Panji namung meneng wae ora mangsuli maneh. Ibune
nduweni alesan kena apa dhewek ora ngarujuki hubungane Panji karo Meliana.
Ibune kepingin menawa Panji kuwi golek jodho sing cocok karo sugihe. Amarga
Meliana kuwi anake wong ora duwe tur lulus SMA namung dadi pengangguran.
Bu
Ratih wis duwe calon kanggo Panji kang luwih ayu tur padha sugihe. Jenenge
Sinta, nanging Panji ora cocok karo pilihane ibune kuwi mau. Panji wis ngrasa
yen Sinta kuwi sifate ora kaya Meliana.
Minggu
esuk ana wong dodhog-dhodhog lawang, Bu Ratih sing lagi masak ana mburi banjur
nyelehake ladinge lan menyang ngarep mbukak lawang, jebul sing teka Sinta. Bu
Ratih sing katon kaget banjur ngakon Sinta mlebu. “Sowan kula mriki badhe
ngajak Mas Panji medhal, Bu”, menapa Mas Panji wonten dalem?”. Pitakone Sinta.
Bu Ratih banjur mangsuli, “oh… ana ndhuk nanging iseh turu coba tak gugahe
dhisik”. Bu Ratih banjur menyang kamare Panji lan nggugah anake lanang. Nanging
Panji ora gelem diajak Sinta Lunga, dheweke pilih turu ketimbang lunga karo
Sinta.
Sasuwene
ana ngomah Bu Ratih, Sinta namung meneng wae ora ngewangi masak ana mburi.
Dheweke malah nonton TV karo ngemil ana ruang tengah. Nanging BuRatih tetep ora
peduli marang sikape Sinta, amarga Sinta Kuwi anake wong Sugih. Let sedhela
Sinta pamitan mulih alesane ditelpon kancane arep diajak dolan menyang mall.
Jebul
Sinta mau dolan karo wong lanang yaitu Riyan, dheweke katon akrab banget kaya
ana tali katresnan. Pancen gunemane Riyan nyeluke marang Sinta nganggo sebutan
sayang, lan ora salah maneh Riyan kuwi pacare Sinta. Ngakune marang Bu Ratih
yen dheweke iku iseh dhewekan durung duwe pacar utawa cedhak karo wong lanang.
Bu Ratih uga percaya wae karo gunemane Sinta, amarga Sinta kuwi anake wong
sugih.
Sawijining
dina Bu Ratih menyang pasar dikancani karo Panji. “Badhe mundhut menapa ta, Bu?”,
pitakone Panji marang ibune. “Arep blanja sayur, Le” jawabe Bu Ratih. Panji lan
ibune sing iseh katon kuat lakune kuwi menyang pasar numpak motor. Tekan pasar
motor dititipne ana sebrang dalan. Nanging Panji namung ngenteni ana parkiran
motor ora ngancani ibune mlebu pasar. Bareng wis entuk kabeh butuhe sing dituku,
Bu Ratih banjur nyebrang dalan. Pancen dalane rame banget, wanita sing katon
iseh lincah lakune kuwi kangelan nalika arep nyebrang dalan. Sanalika Bu Ratih
leren ngeyup dhisik amarga kesel ngadeg lan ngulati kahanan sing pancen
umpek-umpekan dalane. Wektu kuwi Panji ngepasi ora ngancani ibune mlebu pasar,
biasane sok ngancani lan ngewangi nggowo blanjanane.
Wis
sawetara suwe Bu Ratih anggone leren banjur nekad nyabrang amarga selak masak
kanggo sarapan. Tekan tengah dalan krungu swara klakson mobil banter banget,
ora let suwe ana sing nggeret Bu Ratih minggir. Lan mobil mau nabrak wong sing
nulungi Bu Ratih, kahanan wis padha panik lan ngrubungi kacilakan kuwi. Getih katon
mili ana ing raine bocah wadon sing nulungi Bu Ratih, tatune ana ing sirahe. Jebul
bocah wadon sing wani ngorbanake nyawane kanggo nulungi Bu Ratih kuwi mau
Meliana kancane Panji sing uga padha senenge. Sasuwene dikrubungi wong akeh,
ambulan teka lan nggowo Meliana menyang rumah sakit.
Bu
Ratih kaget ora percaya yen bocah sing nulungi dheweke kuwi mau Meliana sing
pancen ora disenengi nalika tepung karo anake lanang. Panji ora weruh yen ana
kacilakan ana kono. Bu Ratih gage menyang parkiran nemoni Panji lan nyritakake
kadadeyan mau. Bu Ratih katon mili eluhe orang nyangka lan ora ngira, Meliana
atine kaya malaikat. Ati sing wis dilarani dening Bu Ratih nalika ora diolehake
tetepungan karo Panji kuwi, ora gawe gething atine Meliana marang Bu Ratih.
“Sampun
getun, Bu! Sumangga kula dherekaken wangsul rumiyin lajeng menyang rumah sakit
tuwi kahananipun Meliana ingkang sampun nylametake ibu”, tuture Panji karo
gemeter lan katon pucet raine. Bu Ratih namung meneng wae banjur nggonceng ana
motor. Tekan ngomah wong loro mau banjur gage menyang rumah sakit niliki kepiye
kahanane Meliana amarga mau tatune lumayan parah.
“Muga-muga
wae Meliana ora kena apa-apa ya, Le!”.
Dongane Bu Ratih ana dalan karo nangis getun amarga wis natuni atine Meliana.
“Inggih,
Bu!”. Jawabe Panji namung singkat. Panji katon nguwatirake kepiye kahanane
Meliana. Wanita sing pancen ditresnani wiwit dhisik. Tekan rumah sakit, Bu
Ratih lan Panji banjur takon kamar sing nggo ngrawat Meliana korban kacilakan.
Ana ngarep ruang UGD wis ana bapak lan ibune Meliana sing lagi panik nunggu
kepiye kahanane anake. Bu Ratih lan Panji banjur njaluk pangapura marang bapak
lan ibune Meliana, amarga wis ngrendahake drajate.
Sasuwene
nunggu, dhoktere banjur metu ngandhani menawa Meliana kudu dioperasi nanging
Pak Abdul lan Bu Neni ora duwe biaya kanggo operasi anake. Krunggu omonge dhokter,
Bu Ratih saguh bayar biaya operasine Meliana. Sorene Meliana wis rampung
dioperasi lan dipindhah ana ruang perawatan.
“Matur
Nuwun sanget nggih Bu, sampun biyantu biaya operasi kula”, omonge Meliana
nalika Bu Ratih, Panji, lan uga bapak ibune Meliana niliki dheweke. “Ora ndhuk,
ibu sing kudune matur nuwun banget karo kowe, kowe wis nulungi ibu nganti kowe
cilaka kaya ngene lan ibu njaluk ngapura karo kowe amarga dhisik ibu ora
ngolehne Panji tepung karo kowe”, jawabe Bu Ratih. “Saiki ibu wis ngerti endi
sing becik lan endi sing ala, ibu nyarujuki yen kowe bisa bebarengan karo
Panji”, tandhese Bu Ratih. Panji krungu ibune ngomong ngono mau banjur katon
sumringah. “Matur nuwun, Bu sampun nyarujuki kula kaliyan dhik Meliana
tetepungan dados katresnan ingkang dipunrestoni”, tuture Panji bungah banget.
Ana kono kabeh padha rerangkulan. Pak Abdul lan bojone uga melu seneng lan
matur nuwun banget karo Bu Ratih. Sarta bersyukur amarga Bu Ratih wis sadar yen
wong cilik kuwi uga duwe ati sing pancen gedhe banget. (cuthel)
0 komentar:
Posting Komentar