Minggu, 13 Desember 2015

Gegambaran Saka Novel "Pinesthi"



Pentinge Maca Novel Pinesthi 
 
Novel iki dikarang dening R. Ngt. Suisdiyati Sarmo penerbite yaiku Azzagrafika. Pentinge maca novel iki antarane niru sifat kesabarane sing dadi pelaku utama ing cerita iku. Lan unggah-ungguh sing ditrepake uga wis trep karo papan panganggone. Gaya bahasane polos lan lugu, nanging cerita novel iki luwih becik diwaca dening masyarakat sing umure wis ngancik 17 taun munggah. Amarga nyritakake sawijining perjuwangan Tanti kang nandang katresnan karo kanca sekolahe, yaiku Pak Kus utawa Kusno Atmaja nganti tekan dheweke nikah.
Pelajaran sing bisa kapetik saka crita ing novel iki yaiku kudu sabar anggone nunggoni wong sing ditresnani, marga ora gampang nduweni jodho sing disenengi marang wong akeh. Tresna iku teka nalika pakulinan kang dadi rasa tresna, awale ora ana rasa apa-apa nanging sawise bebarengan terus rasa iku brubah dadi seneng.
 Ing crita, Tanti iku bocah sing praupane ayu lan pawakane lencir kang tansah dadi kawigatene kanca-kancane lanang. Ana ing SMA, Tanti disenengi karo wong akeh marga dheweke ora mbedak-mbedakake nalika kekancan. Nalika ana tugas kelompok, Tanti wadon dhewe lan saben kelompok ana telung wong. Tanti sakelompok karo Hartono lan Kusno Atmaja utawa Pak Kus, sing dadi kanca cedhake yaiku Pak Kus. Angger ana masalah sing gawe bingungin ati, Tanti mesthi crita marang Pak Kus marga ngrasa ayem lan bisa ilang beban pikirane. Tanti ngrasa yen Pak Kus iku bisa ngayomi dheweke nalika lagi ngadepi apa wae sing gawe atine sedhih.
Sifat sing patut ditiru ana ing crita novel iki yaiku sopan santun anggone guneman marang wong sing luwih tuwa, kayata antarane Pak Kus marang ibune Tanti. Saliyane kuwi dadi wong kudu peka karo kahanan kaluwargane. Aja kaya Bu Kartilah ibu tirine Tanti sing ora peka marang kahanane bojone sing lagi dirawat ing griya sakit amarga kumat penyakite.

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates