Minggu, 13 Desember 2015

Tuladha Crita Cekak "Wani dadi Cilaka"



Wani dadi Cilaka
Dening : Armin Retno Vitasari

Wanita kang kudu digugu yaitu ibu, amarga ibu anggone ngrawat anake nanggo jiwa lan ragane. Ora kenal kesel anggone nggedhong nalika anake iseh cilik. Ora kober leren nalika anake nangis.
        Sawijining dina mbok Inah katon sebel banget amarga anak wadone jenenge Surtini ora ngerti gawean. Surtini iseh sekolah ana ing bangku SMA kelas 3. Simboke kerep nyeneni amarga Surtini sing kerep mbantah lan bisa mangsuli nalika diwenehi pangerten sing becik. Mbok Inah namung nyambut gawe dadi tukang umbah-umbah, gajine namung saka buruh umbah-umbah. Dene bojone, Pak Rudi namung kuli bangunan. Sing nunggu nalika mengko ana wong sing mbutuhake tenagane, Pak Rudi kudu siap karo rombongane nguli. Surtini kuwi anak tunggal oran duwe mbakyu utawa adhi.
        “Nduk Sur, gek ndang tangi wis wayah subuh ndang sholat”, celuke Mbok Inah marang Surtini. Nanging Surtini ora semaur babar pisan, malah mbenakne kemul lan turu maneh. Diceluki bola-bali ora ana respon, Mbok Inah banjur nggebyur awake Surtini nganti tangi. “mbok aku iki jane anakmu apa dudu to? Kok pendhak esuk gur to seneni wae, aku iki wis gedhe, wis bisa mikir awakku dhewe, mengko yen wayah tangi aku lak yo tangi”, tandhese Surtini karo nyeni simboke. Krunggu anake ngomong ngono Mbok Inah banjur mangsuli, “anak ora duwe matur nuwune blas karo wong tuwa, kowe biyen tak openi kanthi rasa welas asih, nanging bareng wis gedhe malah gawe larane ati wae”. Surtini ora semaur maneh namung meneng karo ulat sing katon sebel karo Mbok Inah. Dheweke banjur lunga saka paturon menyang kamar mandhi adus.
Sawise adus lan siap-siap mangkat sekolah, Surtini ora sarapan, langsung pamitan njaluk dhuwit sangu nanging Surtini namung diwenehi dhuwit limang ngewu. Surtini ora gelem nampa yen simboke ora menehi dhuwit satus ewu. Dheweke mendhing mati keluwen yen gur diwenehi dhuwit imang ewu. Simboke banjur ngakon sarapan dhisik, amarga ngirit ora usah jajan ana sekolahan. Krunggu rame-rame ana nggandhok, Pak Rudi banjur tangi lan takon ana apa kok suwarane banter banget. Pak Rudi nggumun saben dina simbok lan anak kok ora leren sing padu. Banjur Pak Rudi ngadhemane kahanan, lan ngajak sarapan bareng-bareng. Nanging Surtini tetep ora gelem sarapan, dheweke banjur lunga tanpa kocapan apa-apa.
Ana sekolahan Surtini kerep mlebu BK, lan uga tau mbolos wayah pelajaran. Bapak lan simboke Surtini uga wis mangerteni bab kuwi, nanging simboke sing kerep nyeneni ora bisa kasil angone ngandhani Surtini.
Senen esuk wayah subuh, wanita sing sajak iseh ngantuk rupa melas, rambute sing iseh katon ireng laku iseh ringas katon tangi lan nggugah anake yaiku Surtini. Amarga dina kuwi Surtini arep Ujian Nasional. Nanging iseh kaya biyasane, Surtini durung gelem tangi yen durung jam 6 lan waya adus. Simboke banjur menyang pawon nglekasi masak. Pak Rudi uga tangi lan siap-siap arep nyambut gawe. Priya sing gagah gedhe pawakane kuwi nglamar gawean ana Jakarta, dhuwite amblas amarga diapusi karo wong sing tawa lowongan pagaweyan. Priya sing katon sabar kuwi banjur nrima yen durung rejekine dheweke.
Nalika ujian wis rampung, surtini namung ana ngomah nunggu dina pengumuman kelulusane. Nanging dheweke ora tau gelem ngewani gaweyane simboke, dina-dina namung diseneni Mbok Inah nanging dheweke bisa mangsuli.
Dina pengumuman Ujiane Surtini wis kalampahan, Mbok Inah sing katon iseh ayu praupane. Bali saka sekolahan njupuk pengumumane Surtini, dheweke katon kaget menawa Surtini ora lulus anggone sekolah ana SMA. Mbok Inah banjur nangis pikirane montang-manting mikir anak siji ora ngajeni babar pisan karo wong tuwa. Bareng dina kelulusan anake ora lulus. Atine Mbok Inah saya kelara-lara amarga anake ora bisa namatake sekolah. Surtini mbuh menyang ngendi dina kuwi ora katon ana ngomah.
Sanalika Mbok Inah wis bisa nentremake pikirane, amarga Pak Rudi wis bali anggone nyambut gawe. Mbok Inah banjur nyritakake kabeh marang bojone. Krunggu Mbok Inah mrathelakake apa sing wis kadadeyan, Pak Rudi rupane abang kabeh katon nesu banget.
“Anak ora ngerti rekasane wong tuwo malah gawe isine wong tuwa”, onmonge Pak Rudi karo nesu nyeluk Surtini. Nanging bocahe ora ana ngomah. Simboke banjur ngareh-areh bojone ngakon sabar. Sawise keranone padha sareh pikire, ana wong dhodhog-dhodhog lawang. Lan mecahne lamunane Mbok Inah lan Pak Rudi mau. Banjur dibukak lawange, jebul sing teka pak polisi menehi kabar. Sadurunge njelasake, pak polisi mau takon apa bener iki omahe Surtini. Banjur Mbok Inah mangsuli, “nggih leren pak, wonten menapa?”. Pak polisi banjur menehi kabar yen Surtini kecelakaan nalika trek-trekan ngrayakake kelulusan. Lan kondisine Surtini parah banget amarga tabrakan karo bis gedhe.
Mbok Inah lan Pak Rudi banjur kaget ora bisa nahan tangis lan ujiana malah tambah maneh. Kekarone banjur menyang rumah sakit. Satekanne rumah sakit, surtini wis dirawat neng kono. Surtini tatu sikile lan kudu dikethok, keprunggu kandane dhoktere somboke banjur nglokro ora duwe daya. Dene Pak Rudi iseh kuwat, nanging atine iseh mangkel karo Surtini. Sawise kuwi Mbok Inah lan Pak Rudi mlebu menyang kamar sing dianggo ngrawat Surtini, ana kono Surtini nangis mengguk-mengguk. Lan dheweke sadar apa sing dilakoni kuwi salah banjur dheweke njaluk ngapura marang bapak lan simboke. Nanging Pak Rudi mlengos katon iseh nesu. Mbok Inah banjur ngerih-erih, menawa Surtini kuwi anak siji-sijine aja nganti disia-sia. “Namung iki dhuweke dhewe sing dititipake Gusti, Pak”. Tandhese Mbok Inah. Pak Rudi lan mbok Inah banjur nampa pangapurane Surtini lan kabeh padha rangkulan. Eluhe padha dleweran, Surtini katon getun banget wis wani marang wong tuwane. Lan saiki sikil tengene diamputasi amarga kecelakaan nalika trek-trekan. (cuthel)

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates