Minggu kepungkur ana kabar brita sing santer padha
ngandharake ngenani ijazah palsu sing ditemokake dening Kementerian Pendidikan
dan Kebudayaan. Ijazah kasebut ditemokake ana ing salah sawijining perguruan
tinggi. Perguruan tinggi kasebut wis nglulusake pirang-pirang mahasiswane lan
ijazah sing dianggo yaiku ijazah palsu.
Babagan iki ora
apik diconto dening perguruan-perguruan tinggi liyane. Amarga bisa ngrusak
jagad pendhidhikan ana ing negara Indonesia. Sabab murid utawa mahasiswa dadi
nggampangake amarga anane ijazah palsu. Bab sing dadi rusaking pendhidhikan ing
Indonesia kuwi salah sijine yaiku diterbitkene ijazah sing ora sah utawa palsu.
Saliyane kuwi tatanan pendhidhikan melu mobrat-mabrit amarga gampange golek
ijazah kuwi mau. Bocah-bocah padha ngandhalake dhuwit katimbang mikir pelajaran
sing dirumangsa gawe susahing pikiran.
Lembaga
pendhidhikan sing nerbitake ijazah kasebut, ndadekake kuciwane para masyarakat
Indonesia. Sabab wong sing nduweni pendhidhikan sing luwih dhuwur malah ngrusak
moral. Prof. Komaruddin Hidayat mrathelakake, praktek adol tuku ijazah lan
ijazah palsu kuwi babagan saka pembusukan
marang jagad pendhidhikan ing Indonesia. Saliyane kuwi Komaruddin mrathelakake
yen isih ana maneh yaiku anane kabocoran soal ujian sing dilakokake pihak jero
lembaga pendhidhikan yaiku guru pengawas lan karya ilmiah sing ora digarap
dhewe dening akademisi. Komaruddin nambahake yen gelar sing asale saka skrisi,
tesis, utawa disertasi sing nggarap uga wong liya.
Gagasan kasebut
ing kasunyatan akeh ditemokake kecurangan-kecurangan sing ndadekake moral
bangsa Indonesia dadi ora bisa dikendhalekake maneh. Kamangka bangsa Indonesia
butuh generasi-generasi penerus bangsa sing nduweni kapinteran lan nduweni
sifat kejujuran sing dhuwur. Amarga yen gur nduweni sifat pinter nanging ora
duwe kejujuran, ora bakal bisa sukses ing tembe mburine.
Babagan sing kaya
ngene iki kuwi kudu ana pengawasan ketat saka pemerintah kanggo nyaring mutu
pendhidhikan, supaya ora kedadeyan maneh sing nerbitake ijazah palsu ana ing
perguruan tinggi. Amarga bibit kecurangan kuwi cepet mrambah ing ngendi wae.
Pemerintah kudu nyusun undhang-undhang sing tegas kanggo wong-wong sing
nglanggar tatanan peraturan ana ing sakupenge lembaga pendhidhikan. Supaya bisa
ngurangi kadadeyan-kadadeyan sing ora perlu ditindakake dening pihak-pihak liya.
Ana ing jagad
pendhidhikan kuwi kudune ngajarake lan ndhidhik supaya nduweni pribadhi sing
apik lan bisa mandhiri. Ora malah ngajarake sifat sing jan-jane ora perlu
ditindakake. Lan supaya bisa migunani marang bangsa, negara, lan agama. Kahanan
sing wis purna iki kudu didandani supaya bisa ndadekake masyarakat sing nduweni
moral utawa etika sajroning ngemban tugas. Lan ora sapenake dhewe nalika
diwenehi kapitayan utawa kewenangan nindakake tugas saka pihak sing luwih
dhuwur pangkate. Apa maneh kita wis tau lungguh ana ing bangku pasinaon, lan
entuk pendhidhikan sing wis diajararake nalika iseh ana ing sekolahan. Tujuane
yaiku supaya kita bisa mangerteni pendhidhikan sing layak kanggo pemuda-pemuda
generasi penerus bangsa.
Menteri Riset,
Teknologi, dan Pendidikan Tinggi Muhammad Nasir mrathelakake, yen peredharan
ijazah palsu kuwi bisa ndadekake mlorote marwah pendhidhikan lan sistem
pendhidhikan Indonesia kanggo maju ana ing kelas dunia utawa asia Tenggara.
“Angele mbrantas ijazah palsu padha karo mbrantas korupsi. Apa wae persoalan
ijazah palsu kuwi kudu dibrantas,” miturut Nasir. Nasir nambahake yen upaya
mbrantas wis dilakokake kanthi nglibatake pihak akeh, kayata Kementerian
Pemberdayagunaan Aparatur Sipil Negara dan Reformasi Birokrasi, Polri, lan
unsur-unsur masyarakat liyane.
Babagan iki kudu
ana sing mbrantas, amarga yen diujarake tansayo akeh wong-wong sing nduweni
sifat licik. Lan ora perkewuh karo apa sing dilakokake kuwi wis dimangerteni
dening masyarakat umum. Jan-jane wiwit dini kuwi wis diajarake sifat kejujuran
supaya bisa guna ing masa depanne. Usaha curang dudu pilihan kang apik kanggo
pendhidhikan ing negara Indonesia. Nanging babagan iki kasunyatane angel
diilangake, akeh wong-wong sing padha tumidak ora becik. Sing bisa ngrubah
namung dheweke dhewe lewat kesadharan lan hati nuranine.
Saliyane kuwi,
nyetak utawa adol tuku ijazah palsu kuwi bisa kalebu nglanggar hak cipta.
Amarga pihak-pihak tertentu sing gawe ijazah palsu kuwi sembrana nalika dipercaya.
Mula jaman saiki akeh sing padha sembrana nggunakake hak cipta.
Miturut
Undhang-undhang Nomor 4 taun 1994 ngenani Pengesahan
Agreement Establishing The World Trade Organization (Persetujuan Pembentukan
Organisasi Perdagangan Dunia), sabanjure disingkat WTO, Indonesia dadi
peserta saka Organisasi Perdagangan
Dunia. Konvensi kuwi nduweni pengaruh gedhe karo sistem Hukum Nasional
umume yaiku Indinesia lan hukum hak cipta khususe (Damian, 2005:79).
Kudune ana ing
Undhang-undhang kudu ana hukum sing kuwat supaya mbaka sethithiki bisa ngilangi
anane ijazah palsu sing wis diedharake. Lan peran penegak hukum kudu adhil
nalika mujudake keputusan supaya hukum ing Indonesia bener-bener ditindakake
kanthi trep. Sarta ora ana pihak sing dirugikake lan masyarakat bisa urip
tenang amarga hukum sing adhil.
Kaperluan anane
hukum kanggo ngeki perlindungan konsumen Indonesia yaiku salah sawijining
babagan sing ora bisa dielakake, padha karo tujuan pembangunan nasionalkita
yaiku pembangunan manungsa Indonesia sautuhe. Mbahas kaperluan hukum kanggo ngeki perlindungan konsumen Indonesia, kudune
liwih dhisik weruh situasi peraturan perundhang-undhangan Indonesia, khususe
peraturan utawa keputusan sing ngeki perlindungan kanggo masyarakat
(Rajagukguk, 2000: 7-8).
Masyarakat ana
ing Indonesia nduweni hak hukum perlindungan konsumen. Ijazah palsu yen ora ana
sing mbrantas, dikhawatirke jaminan mutu pendhidhikan ora layak dipertahanake.
Amarga ana ijazah abal-abal sing wis akeh diduweni dening para pelajar utawa
mahasiswa. Bisa ditegesi yen ijazah kuwi namung kanggo tandha yen wong kuwi mau
wis ngrampungake sekolah utawa kuliyahe. Dadi sing digoleki dudu pengalaman lan
pakulinan nanging namung wujud ijazah sing katulis biji-biji apik.
Supaya ora
kebacut mrambah akeh banget, kita generasi muda kudu tenanan anggone sinau. Lan
bisa dadi generasi sing nggawa perubahan marang nusa, bangsa, negara, lan
agama. Kanggo mbenahi moral bangsa Indonesia, kudu bisa yakin yen apa sing
dikarepake kuwi bakal migunani marang wong akeh. Lan bisa mikir dhewasa apa
kang dadi perkara sing bakal diadhepi nalika arep nggayuh cita-cita sing di
angen-angen.
Saliyane kuwi Nasir
mrathelakake, kudu ana pihak sing gelem nyisir nganti tekan ditutupe perguruan
tingg sing ora nduweni izin utawa ilegal. Sadurunge ana isu ijazah palsu
konangan ana inspeksi mendadak saka Kementerian Riset Teknologi dan
Pendhidhikan Tinggi menyang perguruan tinggi sing ora duwe izin, yaiku University of Berkley Michigan America,
ana dalan Proklamasi, Menteng, Jakarta Pusat.
Babagan sing kaya
mangkono kuwi ora patut dadi tuladha amarga bisa ndadekake dipecat saka
jabatane. Sing nyebabake wong-wong padha nindakake babagan kaya ngono kuwi
yaiku kabutuhan urip manungsa sing akeh. Mulane wong-wong padha nglakokake
tumindha sing ora apik kanggo ngentukake dhuwit sing luwih akeh saka gajine
pendhak sasi. Wong-wong padha ora sadar yen tumindake kuwi salah lan ngrugikake
pihak liya.
Kanggo conto sing
bisa diandharake yaiku ketentuan saka Hukum Pidhana sing nduweni kaitan karo
penipuan, pemalsuan penjualan barang bisa mbebayani jiwa manungsa (pasal 383,
263, 202, 382, 383). Ketentuan kuwi nglawan hukum sing dilarang lan diancam
karo pidhana. Ketentuan kuwi uga kanggo nglindungi konsumen, nanging uga
nglindungi masyarakat umume (Rajagukguk, 2000: 13).
Anane
undhang-undhang sing wis katulis dening UUD 1945, durung ndadekake kawigatenne
para wong sing gawe ijazah palsu lan nduweni sifat nekat nalika arep
ngrampungake tugas utawa pakaryanne. Sarta uga masyarakat sing dadi konsumen
gampang anggone diapusi. Mesthine masyarakat sing teliti kudu bisa nyaring endi
sing palsu lan sing asli.
Tumemene
pemerintah kanggo mbudidaya komsumen saka kedhudhukan sing sadurunge ana ing
pihak sing lemah sebab adhep-adhepan karo usaha sing nduweni bargaining position sing kuwat saka
aspek sosial, ekonomi, lan uga psikologi (Miru, 2008:21).
Kudune pemerintah
melu aktif njaga kebijakan hukum ana ing Indonesia, sanajan tugas pemerintah
kuwi abot nanging pemerintah kuwi wajib mbelani masyarakat. Sabab anane peran
pemerintah kuwi kanggo makili rakyat lan nampung suwara-suwara rakyat sing
padha nanggepi utawa nyanggah kebijakan-kebijakan sing wis katulis dening
pemerintahan. Ngenani babagan ijazah palsu kuwi penegak hukum kudu nduweni
sikap sing tegas lan nglaksanakake tindhak pidhana sing berlaku. Lan kudu resik
anggone ngemban tugas dadi penegak hukum, ora nrima anane suap menyuap ana ing
pengadhilan. Amarga yen penegak hukum nduweni mental sing kaya mangkana, wong-wong
bakal nyleweng lan blas ora nduweni rasa wedi marang hukum pidhana ana ini
negara Indonesia.
Referensi :
Damian, Eddy. 2005. Hukum
Hak Cipta. Bandung: PT Alumni.
Rajagukguk, Erman d.k.k. 2000. Hukum Perlindungan Konsumen. Bandung: Mandar Maju.
Miru, Ahmadi dan Sutarman Yodo. 2008. Hukum Perlindungan Konsumen. Jakarta: Rajawali Pers.
http://nasional.kompas.com/read/2015/06/12/07300041/Memburu.Ijazah.Palsu. (media elektronik)
0 komentar:
Posting Komentar