Kahanan Ana
Sakupenge Embung
Dhek Jumat,
20 Maret 2015, aku lunga menyang embung marga
ana tugas nyritakake kahanan ana ing kana. Saliyane kuwi aku ana kegiyatan kelompokan karo kanca-kanca. Sawise
tekan embung, kahanan ana kana
lumayan rame lan katon asri. Iku marga wit-witan sing katon rembuyung lan
ana petugas sing lagi nyapu uga ngresiki godhong-godhong sing padha nyemplung ing pinggiran kolam.
Petugas sing ngresiki embung iku okeh
banget lan wis dibagi nggon-nggonane sing arep padha diresiki. Nanging kesadharan masyarakat sing padha menyang
embung durung enek, marga isih
ana sing ngguwak sampah ana ing kolam. Akibate ora suwe kolam kuwi mau cepet reged amarga sampah sing diguwak menyang
kolam. Kurang anane wadhah sampah
nyebabke masyarakat padha ngguwaki sampah ing kolam.
Kahanan embung sing kerep ditekani wong
akeh, kudune wadhah sampah
iku wajib ana. Amarga yen ngguwaki sampah menyang kolam terus-terusan bisa
nyebabke banyu ning embung dadi tercemar lan uga bisa nyebabke penyakit.
Ekosistem sing ning njero kolam uga melu terancam. Saliyane ana petugas sing
gaweyane ngresiki embung uga ana wong sing padha mancing iwak ana kono.
Ing embung kono iwake macem-macem, ana
sing gedhe lan uga ana sing cilik. Wong mancing iku padha pindah-pindah nganti
entuk iwak okeh. Amarga nggone sing katon penak lan eyub banget, wong-wong sing
padha mancing iku betah anggone golek iwak. Nganti aku mulih saka embung isih
padha mancing. Ing pinggiran embung uga ana sing padha lulungguhan, mahasiswa
padha nyantai ana embung lan ana bocah mulih sekolah padha mampir kono.
Wit-witan sing katon okeh gawe eyubing kahanan ing sekitar embung. Mula ora
sithik sing padha nganakake kegiyatan
ing perangan embung kono uga ana sing padha dolan utawa nongkrong. Wektu kuwi ana ing gazebo embung uga ana
mahasiswa sing lulungguhan ana kono karo padha ngobrol, nggarap tugas, lan uga
kanggo kegiatan diskusi. Nalika ana embung aku ngerti bocah cilik
padha dolanan bebarengan. Ana kono bocah-bocah kuwi
mau padha playon, ana sing nggawa pancing kanggo golek iwak ning kolam.
Bocah-bocah kuwi katon seneng banget anggone padha
dolanan ing perangan embung. Pancen embung ora tau sepi uwong, embung bisa
kanggo kegiyatan apa wae.
Ana embung aku lan kanca-kanca banjur
padha nggarap tugas kelompok. Manggone ing embung tengah merga wis padha lunga dadi rada sela. Ana kono padha ngrembug tugas
nganalisis lan uga gawe makalah. Karo nggarap tugas, aku weruh wong sing padha
mancing mau entuk iwak okeh banget tur gedhe-gedhe.
0 komentar:
Posting Komentar