Senin, 07 Desember 2015

Gegambaran Saka Novel "Serat Rijanta"



Pentinge Maca Novel Serat Rijanta

            Novel sing ditulis dening R.B. Soelardi iki, nggambarake lelakoning Raden Mas Riyanta kang tresna karo Raden Ajeng Srini. Nilai sing bisa kapetik saka novel kang terbit ing Weltevreden 1921 yaiku perjuwangane Raden Mas Riyanta anggone golek jodho. Watak sabar, santun, lan ngati-ati bisa dadi tuladha kanggo wong enom kang arep golek geganthilaning urip. Lelakon iki bisa mujudake rasa trenyuh marga mikir jodho sing dadi idam-idamane Raden Mas Riyanta. Sanajan ibune meksa anggone golek sisihan, nanging sikape cuek kaya ora nggatekake apa sing dadi kekarepane ibu.
            Pentinge maca novel iki antarane wong kang sabar lan ngati-ati bakal nemu apik ing tembe mburine. Lan bisa dadi tuladha marang sedulur utawa wong sing ana ing sakupenge. Sarta dadi wong aja grusa-grusu anggone ngerih-erih anake golek jodho. Sabab jodho iku teka amarga ana pakulinan sing ndadekake rasa tresna marang siji lan sijine. Mula Raden Mas Riyanto pilih-pilih wanita sing bakal dadi calon bojone mengko.
            Pelajaran liyane sing bisa kapetik yaiku dadi wong iku kudu manut lan nggugu printahe wong tuwo. Lan kudu sabar ngadepi apa kang dadi jejalukane banjur dilaksanakake kanthi rasa seneng. Tuladha kang bisa nggambarake yaiku sifate Raden Ajeng Marsam, adhine Raden Mas Riyanto, sing gaweyane dikongkon ibune ngawat-awati Raden Mas Riyanto. Marga pendhak wengi kangmase kuwi mesthi lunga ora ngerti parane. Pakulinan kuwi disebabake ibune sing ngoyak-oyak Raden Mas Riyanto nikah.
            Ing donya iki ora ana sing bisa langsung dadi anggone nduweni kekarepan, ana lika-likune yaiku perjuwangan lan pengorbanan. Lan uga nyuwun marang Gusti apa sing dadi panjaluke, awit kekarepan bisa kaleksanan marga Gusti ngijabahi. Kasunyatane, Raden Mas Riyanto bisa nglumpuhake atine Raden Ajeng Srini.

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates