LANGENDRIYA
PANJI WULUNG PERGI KE MAJAPAHIT
Ana ing buku dikarang dening Suyadi
Pratomo iki ngandarake ngenani karya sastra. Dene karya sastra iki diandarake
nganggo Bahasa Indonesia lan Bahasa Jawa. Sing nganggo Bahasa Indonesia wujude
yaiku crita ringkes ngenani Panji Wulung Lunga Menyang Majapahit. Dene sing
nganggo Bahasa Jawa wujude kaya tembang macapat lan percakapan tokoh-tokohe.
I.
Panji
Wulung ngirimake utusa kanggo nglamar Dewi Sekati
Ing sawijining wektu
Prabu Brawijaya, Raja Majapahit, nyeluk 3 wong sentana, yaiku Raden Menak
Koncar, Raden Kuda Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa. Saliyane 3 wong sing
diceluk marang Raja, Raden Arya Sesimping lan Raden Arya Tetiro, Tumenggung
Menak Giyanti sarta Tumenggung Rangga Minangsraya teka ngadepi Raja. Kaping
pisan sing ditakokake dening Sang Raja yaiku ngenani kasiap-siagaanane para
prajurit.
Krungu laporan para
sentana lan dening Raden Menak Koncar dewe Sang Raja ngrasa seneng. Marang Sri
Baginda banjur nglaporake anane prau-prau asing sing malabuh ing pantai
Majapahit. Sawise nyembah ana ing ngarepe Baginda, Baginda banjur nyampekake
sugeng rawuh lan nakokake jeneng lan asal sarta tujuan mara ing Majapahit. Duta
kuwi banjur ngomong jenenge Raden Panji Kusuma, asale saka negeri Sulebar.
Baginda menjawab lan
nrasa nyesel, ngenani Dewi Sekati wis direncanakake kanggo dikawinake karo
Raden Menak Koncar. Sang Duta sing ngrasa tugase ora kasil dadi melu nyesel.
Dene syarat sing kudu dijangkepi marang calon bojone Dewi Sekati termasuk duta
Raja Sulebar, yaiku nggawa 2 wong putri raja sing parase kembar guna dadi
pendamping nganten. Sabanjure kuwi Baginda mrentah marang Raden Kuda Tilarsa
lan Raden Kuda Rerangin, lunga menyang hutan Indripura, bekas pesanggrahan Raja
Klana Sasi kanggo jemput sakloron adik almarhum, putri kembar nama Wadhan Sari
lan Wandhaning Sih.
Sang Raja Majapahit
ngeki isyarat marang Nyai Lurah Sepet Madu lan Nyai Lurah Wilaya, ngenani
pertempuran wis paripurna. Ana ing jero istana Prabu Wijaya kumpul karo para
bojone, lan nyampekake babagan persiapan upacara perkawinan Raden Menak Koncar.
Umume padha setuju kanggo nganakake perkawinan Raden Menak Koncar, lan
memerangi Raja Sulebar. 2 wong sentana cedak kanggo mimpin, yaiku Raden Menak
Jayengsekar lan Raden Menak Jayengsari.
3 sentana sing
ditunggu-tunggu wis rampung menghadap Raja Brawijaya, masing-masing Raden Menak
Koncar, Raden Kuda Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa. Menak Koncar nyritakake
kara nada nesu ngenani tekane duta saka negeri Sulebar, sing arep nglamar calon
bojone. Raja Brawijaya mrentah marang duta Sulebar, menawa deweke bisa memokake
2 putri kembar deweke sing berhar mempersunting Dewi Sekati. Raden Kuda Tilarsa
lan Raden Kuda Rerangin njaluk menyang Indrapura, ing kana Raden Menak Koncar
karo pasukan sing dipimpin dening Jayengsari nguyak duta Sulebar kanggo maksud
pengin nangkep. Raden Panji Kusuma dijemput dening Patih Lugender lan anake,
ngrungding ngenani permintaan 2 putri kanggo “patah” perkawinan Dewi Sekati
sing dijaluk Sang Raja. Panji Kusuma setuju nggoleki sakloron putri kasebut
sawise lapor menyang Sulebar disik, bantahan saya dadi kasusul perang karo
tanding.
II.
Prabu
Panji Wulung gegandrungan
Dicritakake ing negara Sulebar, Ratune sing jenenge
Mahaprabu Panjiwulung. Ing sawijining wektu ana Sulebar, negeri kuwi lagi
diserang dening wabah penyakit dasyat. Ringkes jare Bhagawan Tunggul Manik
kasil ngilangi penyakit. Ewonan ratu ing jaba Sulebar takluk dening Mahaprabu
Panjiwulung. Sang Prabu Panjiwulung dihadap lengkap dening para penggawa.
Maharaja Panjiwulung kerep ngarepake dutane sing diprentah kanggo nglamar Dewi
Sekati.
Mraja Candrageni lan Mraja Candramuka melu ngengetake Raja
Panjiwulung, demi tetep wibawa lan kesaktianne dadi raja Sulebar. Akhire Raja
Panjiwulung sadar, sebagai duta, Panji Kusuma lapor disik. Deweke njaluk supaya
dipateni wae marang Raja Majapahit sebab tugase ora kasil.
Ing perjalanan bali Panji Kusuma dikrubut dening anak buahe
Menak Koncar. Krungu laporan duta Raden Panji Kusuma, Sang Panjiwulung ora
seneng atine marang sikap Menak Koncar. Kuwi bala tentara Sulebar lunga menyang
Majapahit, dipimpin dening Tumenggung menak Mandhasiya, Menak Mandhalika, Menak
PranalikaWong Agung Bumintara Mraja Mandrageni, Wong Agung Sindhung Lautan
Mraja Candramuka.
III.
Utusan
Majapahit kasil, direbut dening Panji Kusuma
Raden Kuda Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa wis tekan ing
pesanggrahan Indrapura, nglaksanakake prentah saka Raja Majapahit. pesanggrahan
Indrapura wis kosong ora dihuni, banjur padha bali menyang Majapahit. Putri
Wandhan Sari lan Wandhaning Sih sementara wektu tinggal ing Boga Rame,
sadurunge mulih menyang negeri sulebar.
Marang Kutis, janda kasebut digawa menghadap Raden Kuda
Tilarsa lan Raden Kuda Rerangin. Wandhan Sari nglawan Raden Kuda Rerangin, dene
Wandhaning Sih nglawan Raden Kuda Tilarsa. Ing tengah dalan sakabehe
dimangerteni dening Layang seta lan Layang Kumitir. Layang Seta lan Layang
Kumitir mlayu menyang pesangrahan Raja sulebar, lapor dening Maharaja Panji
Wulung.
IV.
Dhaupe
Raden Menak Koncar karo Dewi Sekati, Raden Menak Jayeng Sekar karo Dewi Kalpika
Wati, lan Raden Menak Jayeng Sari karo Dewi Kalpikaning Sih
Raden Kuda Tilarsa sarombongan wis teka ing istana Majapahit
kanthi slamet. Tekaning sarombongan kuwi wis ditunggu-tunggu sadurunge dening
prabu Brawijaya. Raden Kuda Tilarsa lan Raden Kuda Rerangin nglaporake
perjalanane menyang Indrapura, wis nemu putri kembar kuwi ing omahe Randa
Angkatan sarta perange karo raden Panji kusuma sing arep ngrebut. Prabu
Brawijaya ngucapake sugeng rawuh marang putri Wandhan lan ngeki ngerti maksud
Baginda jemput deweke, yaiku didadekake pendamping nganten kerajaan.
Diapit karo 2 putri ayu-ayu sing dimaksud dadi sarana
“patah”, Prabu Brawijaya ana ing bagian wetan ruang pendapa jero istana. Sang
Dyah Ayu Kencana Wungu ana ing bagian kulon pendapa, ing mburi katelu nganten
wadon. Prabu Brawijaya nakoki marang Ratu Ayu ngenani wis mustaide katelu
ngaten lan entuk jawaban dene sakabehe wis siap, banjur upacara perkawinan
dilekasi.
V.
Prabu
Panji Wulung nyerang Majapahit lan ditangkepe patih Logender sarta anake
Mraja Panji Wulung dihadap dening parang penggawane ing
Pesanggrahan. Banjur teka Raden Layang Seta lan Raden Layang Kumitir langsung
ngadep sarta lapor ngenani musibah sing nimpa Raden Panji Kusuma. Mraja Panji
Wulung nesu banget, kabeh penggawa condong karo karepe Mraja panji Wulung
kanggo nyerang Negara Majapahit lan ngrebut Dewi Sekati.
Para
pemimpin perang tampil ing medan perang, nggedekake atine para prajurit. Mraja
Candramuka tampil ing medan perang ngadepi Raden Kuda Tilarsa, Mraja Candra
Geni ngadepi Raden Menak Jayeng Sekar. Sang Maharaja Panji Wulung mudun saka
kreta kencana lan ngadepi Prabu Brawijaya. Sakabehe dadi jelas, menawa Patih
Lugender sing dadi penyebab timbule perang banjur deweke lan ankae ditangkep.
0 komentar:
Posting Komentar