Kekancan
Dening: Armin Retno Vitasari
Bebarengan anggone dolanan
Nalika bubar sekolah
Wis padha kumpul
Kanca ana nalika seneng
Lan uga ana nalika susah
Kabeh kadadeyan dilewati bebarengan
Kanthi rasa ikhlas
Kekancan ndadekake
Rumaketing tali paseduluran
Wiwit saka cilik
Nganti tekan seprene
Kanca terus ana
Kanggo semangating urip
0 komentar:
Posting Komentar