Selasa, 15 Desember 2015

Geguritan "Angin"


Angin
Dening: Armin Retno Vitasari

Tekamu ndadekake asri
Ana ing kalbu
Wujudmu ora katon
Nanging bisa dirasakake
Ndadekake tentrem ing ati
     Pasuryan manungsa
Bisa ngrasakake edum
     Nalika tekamu
     Ing sajroning awak
Semilir nengsemake ati
Bisa dadi rasa
Kang gawe ayem
Ing sajroning kahanane
Manungsa nalika kena
Tekane angin

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates