Selasa, 22 Desember 2015

Artikel Tradisi Mitoni Utawa Tingkeban



Abstrak
Tradisi Mitoni ing Kabupaten Sukoharjo
Armin Retno Vitasari
Bahasa dan Sastra Jawa, arminretno.vitasari@yahoo.co.id, 089639509039
Tembung kunci : tradisi ; mitoni

Tradisi mitoni yaiku salah sawijining tradisi masyarakat Jawa, upacara iki diarani mitoni asale saka tembung pitu sing artine tujuh. Upacara mitoni dilaksanakake nalika umur kandhungan ngancik pitung sasi lan nalika ngandhung kaping sepisan. Mitoni utawa slametan pitung sasen, ditindakake sawise umur kandhungan ibu ganep pitung sasi utawa luwih. Metode observasi sing digunakake yaiku metode wawancara, amarga tradisi iki ora saben wong sing ngandhung pitung sasi nindhakake tradisi mitoni. Ana ing daerah tartamtu uga bisa diarani upacara tingkeban. Tradisi mitoni iki dilaksanakake kanthi siraman nganggo banyu kembang setaman. Yaiku ibu sing ngandhung utawa mbobot pitung sasi wis nganggo kain motif batik parang kusuma, sida mukti, sido luhur, lan truntum kasebut nindakake siraman. Siraman kasebut dilaksanakake dening sesepuh sing jumlahe 7 wong. Banjur sawise siraman kasebut raup saka banyu kendi pitu mata air lan kendine dipecah. Sawise kuwi nglebokake endhog ayam kampung ana ing kain sing dianggo ibu, banjur ditrobosake nganti pecah. Banjur dilanjutake medhot lawe utawa janur kuning sing wis ditali ana weteng. Calon simbah bayi nggowo kambil banjur ditrobosake neng jero kain sing dianggo calon ibu lan ditampani dening ibu besan. Sing pungkasan yaiku calon bapak ngrahapi sego kuning sing wis digawe tumpeng, lan dilanjutake dodolan dhawet. Bayare nganggo pecahan gendheng sing digawe mirip kaya dhuwit logam.

A.  Pendahuluan
Latar Belakang
            Tradisi mitoni iki ditindakake kanggo keslametan bayi lan calon ibu. Lan uga ana sing nganggep kanggo tolak balak. Dilaksanakake  nalika usia kandhungan wis ngancik pitung sasi luwih, ancase supaya nalika lairan bisa lancar ora ana alangan apa wae. Uga bayi sing wis lair slamet ora cacat. Banjur pasrah dhiri lair lan batin, supaya diwenehi kebagaswarasan. Lan kanthi berkahe Allah, uga nyiapake sego tumpeng, kembang setaman, lan kambil enom. Tradisi mitoni iki wis ana nalika jaman nenek moyang. Saengga tradisi iki dipitaya dening saperangan masyarakat. Akeh masyarakat sing mitayani, menawa nindakake tradisi mitoni bisa slamet saka bebaya sing ngancem bayi lan calon ibu.
Rumusan Masalah
            Papan sing digunakake kanggo tindakake upacara mitoni kasebut yaitu ana ing ngomah pihake sing lanang. Ruang sing dianggo yaiku ruang tengah utawa ruang sing cukup kanggo prosesi mitoni. Dene keadaan geografis Kabupaten Sukoharjo yaiku ambane 444,666 km2, panggonane 7o 32’17” – 7o 49’32” LS lan 110o 42’06,79” – 110o 57’33,7” BT, lan ana ing ketinggian 80 m – 125 m ing dhuwur permukaan laut.
Landasan Teoritis
Tradisi
            Tradisi miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) yaiku adat kebiasaan sing turun-temurun (saka nenek moyang) sing iseh dilakokake ana ing masyarakat. Tradisi (Basa Latin: traditio, “diteruskan”) utawa kebiasaan, pengertian sing paling sederhana yaiku salah sawijining perkara sing wis ditindakake wiwit biyen lan dadi bagian saka panguripan klompok masyarakat, biasane saka salah sawijining negara, kebudayaan, wektu, utawa agama sing padha. Hal sing paling penting saka tradisi yaiku anane informasi sing diterusake saka generasi lan generasi sapiturute sing tertulis utawa lisan, amarga tanpa anane iku, sawijining tradisi bisa punah. Ing pengertian liya tradisi yaiku adat-istiadat utawa kebiasaan sing turun temurun sing iseh dilakokake ana masyarakat. Ing sawijining masyarakat jedhul penilaian menawa cara-cara sing wis ana yaiku cara sing paling apik kanggo ngrampungake persoalan.
Mitoni
            Mitoni asale saka tembung pitu sing artine tujuh. Saengga bisa diartikake nindakake upacara pitung sasen ibu sing ngandhung usia kandhungane ngancik pitung sasi utawa luwih.
            Mitoni ora bisa ditindakake nalika dina-dina biasa. Mbutuhane tanggal lan dina sing apik miturut pepetungan Jawa supaya ora ana alangan sing ora cocok ing tembe mburi. Ora namung kuwi. Prosesi iki uga mbutuhake papan khusus nalika nindakake. Umume, adicara mitoni ditindakake wayah awan utawa sore ing pasren utawa papan kanggo para petani muja Dewi Sri. Ananging amarga wayah kuwi angel nggolek papan kasebut, banjur adicara mitoni bisa ditindakake ing ruang tengah utawa ruang kaluwarga sing cukup kanggo nampung tekane tamu (Adriana 2011:8).
B.  Metode Observasi
Metode sing dianggo yaiku metode wawancara. Dene hal sing ditakokake ngenani prosesi tradisi mitoni kasebut kalampahan. Lan apa wae sing kudu digunakake nalika prosesi mitoni kalampahan. Sarta kaya ngapa prosese ana ing tradisi mitoni utawa yen ana daerah tartamtu uga diarani tingkeban.
C.  Hasil lan Pembahasan
Tradisi mitoni iki dilaksanakake nalika usia kandhungan ibu ngancik pitung sasi munggah. Ancase kanggo keslametan bayi lan ibune utawa kanggo tolak balak. Ana ing upacara iki, ibu sing lagi ngandhung nyuwun marang Gusti supaya diwenehi rahmat lan berkah saengga bayi sing arep dilairake slamet lan sehat. Utawa ana sing nganggep kanggo tolak balak.
            Description: E:\TUGAS KULIAH SEMESTER 3\BUDAYA JAWA\GAMBAR\images 1.jpg
            Gambar 1. Prosesi Siraman

                        Dene tata cara tradisi mitoni antarane yaiku :
1.    Siraman saka sesepuh cacahe 7 wong, maknane nyuwun donga pangestu supaya suci lair lan batin. Sawise upacara siraman rampung, banyu kendi pitung mata air dianggo raup banjur sawise banyu kendi wis entek, kendine dipecah.
2.    Nglebokake endhog ayam kampung ana sajeroning kain (sarung) calon ibu saka bojone lewat weteng nganti pecah, kanggo simbol harapan supaya bayi lair kanthi lancar, tanpa alangan.
3.    Medhot lawe utawa janur kuning yang wis ditali ana ing wetenge calon ibu, sing medhot yaiku calon bapake bayi nganggo keris brojol sing ujunge wis diwenehi rempah kunir. Maknane supaya bayi ing kandhungan lair kanthi gampang.
4.    Calon simbah saka pihak calon ibu bayi, nggendhong kambil gading dikancani dening ibu besan. Sadurunge kambil gading ditrobosake saka dhuwur menyang jero kain sing dianggo calon ibu lewat weteng mengisor, banjur ditampani dening calon simbah. Maknane supaya bayi lair gampang ora ana kasusahan.
5.    Upacara milih sego kuning sing wis ditata ana ing takire calon bapak. Sawise kuwi dilanjutake upacara dodolan dhawet lan rujak, bayare nganggo pecahan gendheng (kreweng) sing wis digawe bunder, mirip kaya dhuwit logam. Asile dodolan mau dilumpukake ana ing kuali saka tanah liat. Kuali sing isine dhuwit kreweng banjur dipecah neng ngarep lawang. Maknane supaya anak sing dilairake entuk rejeki akeh, lan bisa nguripi kaluwargane sarta amale akeh.
Description: E:\TUGAS KULIAH SEMESTER 3\BUDAYA JAWA\GAMBAR\images 2.jpg
Gambar 2. Sego Tumpeng

            Sawijining adicara upacara mitoni iki, ora ana larangan-larangan sing kudu ditindakake. Anjurane sing kudu ditindakake yaiku kudu milih dina sing apik. Tuladhane mituru adat jawa, mitoni iku kudu dilaksanakake Senin awan nganti bengi. Uga bisa Jumat awan nganti bengi, sadurunge wulan puranamasidhi.
            Miturut tradisi Jawa, upacara ditindakake tanggal ganjil sadurunge wulan purnama. Sing nyiram jumlahe uga ganjil misale 5, 7, utawa 9 wong. Wektu nindakake antarane jam 9.00 nganti jam 11.00. Calon ibu adus lan kramas nganti resik, nandhakake menawa nduweni niat suci lan resik. Kira-kira jam 15.00-16.00, upacara tingkeban diwiwiti, miturut kapitayan wayah kuwi widadari mudhun adus.
Description: E:\TUGAS KULIAH SEMESTER 3\BUDAYA JAWA\GAMBAR\index 1.jpg
Gambar 3. Bathik Parang Kusuma

            Motif bathik parang kusuma, nduweni makna urip kudu dilandesi dening perjuwangan kanggo golek seneng lair lan batin, ibarat wangine kembang kusuma. Tuladhane, kanggo wong Jawa, sing paling penting utama saka urip ing masyarakat yaiku wangi utawa kabecikan dhiri tanpa ningalake norma-norma sing ana lan sopan santun supaya bisa urip slamet saka bebaya lair lan batin.
Description: E:\TUGAS KULIAH SEMESTER 3\BUDAYA JAWA\GAMBAR\sido mukti.jpg
Gambar 4. Bathik Sido Mukti

Bathik motif sido mukti nduweni makna kemakmuran. Miturut wong Jawa, urip sing diangen-angen saliyane keluhuran budi, pocapan, lan tindak tanduk, yaiku supaya uripe bisa kasil mukti lan makmur donya utawa akhirat. Wong urip ing donya yaiku nggayuk kemakmuran lan trentrem lair lan batin.
D.  Panutup
Saka andharan ing dhuwur bisa disimpulake menawa upacara tradisi mitoni maknane kanggo keslametan bayi lan calon ibu. Lan nyuwun dhumateng Allah supaya lairane mangko diwenehi gampang lan lancar. Sarta nalika bayi wis lair, supaya bayi pikantuk kesehatan lan berkah saking Allah. Saran utawa masukan ngenani tradisi mitoni iki yaiku kudune masyarakat sing nganut agama islam, sing nindakake tradisi mitoni kudu mangerteni kaitane karo ajaran islam. Dene masyarakat sing nonmuslim uga kudu mangerteni lan paham kepriye kaitane karo agama sing dianut. Supaya ora nyimpang karo aturan agama sing dianut.
Daftar Pustaka
Gunasasmita. Kitab Pribmon Jawa Serbaguna. Yogyakarta:
Soemodidjaja  Mahadewa, 2009.
Tjakraningrat, K.P. Harya Atassadhur Adimmakna. Yogyakarta:
Soemodidjaja Mahadewa, 1880.
Bektijamal Adimmakna. Yogyakarta: Soemodidjaja Mahadewa, 1880.
Betaljemur Adimmakna. Yogyakarta: Soemodidjaja Mahadewa, 1880.


0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates