KATA PENGANTAR
Kanthi ngucap syukur ing ngarsaning
Gusti Allah SWT, kula saged ngrampungake tugas menika, kanthi ora ana alangan
satunggal menapa.
Matur suwun kula ucapake marang
rencang kang wis mbiyantu nyemangati gawe makalah menika.
Makalah menika kanggo syarat melu
Ujian Tengah Semester mata kuliah Membaca Pemahaman. Muga-muga makalah menika
ana paedahe dhateng kalaksanane Ujian Tengah Semester.
Makalah menika isih kurang sempurna
amarga wektu sing kasesa lan kurang pangertosipun kula. Pramila penyusun nyuwun
pangapunten lan nampi kritik lan saran saking pemaos, wasono cekap semanten matur
nuwun.
Penulis
Armin Retno Vitasari
BAB I
PENDAHULUAN
A. Latar Belakang
Basa kang
kanggo ing kasusastran djawa yaiku basa djawa, ditata kanthi iketan apik,
runtut, nganti bisa dadi basa kang endah. Wis mesthi panganggone basa djawa iku
kudu manut undha usuking basa.
Basa jawa
kang endah, kudu dimangerteni marang para siswa-siswa sing nyinau babagan basa
jawa. Amarga dadi wong jawa iku kudu bisa ngetrepake basa ana ing saben papan
panggonane. Ana ing buku Kasusastran
Djawa I sing dikarang dening S. Padmosoekotjo, dijlentrehake babagan undha
usuking basa djawa.
Ana 8
tataran kang wis dijelasake yaiku kaping pisan ngoko utawa djawa dwija tegese
iku guneme bocah padha bocah. Dene kaping pindho ngoko andhap ana warna loro
yaiku antya basa tegese iku pamore tembung ngoko karo krama inggil, lan basa
antya tegese iku pamore tembung ngoko.
Tataran
kaping telu yaiku basa madya ana warna telu, madya ngoko tegese iku pamore
tembung madya karo ngoko, madyantara yaiku meh padha karo madya ngoko, lan
madya krama tegese iku pamore tembung madya, krama, lan krama inggil nangingora
ngramakake ater-ater lan panambang.
Kaping papat
yaiku basa krama ana telu, krama lugu tegese tembung-tembunge kabeh krama, muda
krama tegese pamore tembung krama karo krama inggil, lan wredha krama iku
awujud tembung-tembung krama nanging ater-ater lan panambang ora dikramakake.
Sabanjure
kaping lima yaiku krama inggil kang wujude kaya muda krama. Tataran kaping enem
krama desa yaiku basane wong-wong desa kang lumrahe padha isih wuta sastra.
Sing kapitu yaiku basa kasar iku lumrahe kadadean saka pamore tembung ngoko
karo tembung kasar. Sing pungkasan yaiku basa kedhaton utawa basa bagongan iku
guneme para sentana lan abdining ratu ana ing sajroning tjepuri kedhaton lan
ing ngarsane Sang Prabu utawa Pangeran Adipati Anom.
B. Rumusan Masalah
Ing makalah
iki ngandarake babagan kang penting dimangerteni antarane yaiku :
1.
Alasan lan dasar ngandharake undha
usuking basa jawa.
2.
Kepie carane mraktekake undha
usuking basa jawa ing SMP lan SMA.
C. Tujuan Panulisan
Tujuan nulis makalah iki antarane
yaiku :
1.
Kanggo njlentrehake alasan lan dasar
ngandharake babagan undha usuking basa jawa.
2.
Kanggo mangerteni cara mraktekake
babagan iku menyang para siswa SMP lan SMA.
D. Manfaat Panulisan
Manfaat kang bisa kapethik saka ing panulisan makalah
iki antarane yaiku :
1.
Kanggo sing padha maca makalah iki,
tujuane supaya padha mangerti babagan basa kang trep digunakake nalika
pasrawungan karo wong liyan.
2.
Kanggo panulis yaiku supaya bisa
mahami lan bisa nuladhani marang para siswa.
BAB II
PEMBAHASAN
A.
Alasan
lan Dasar Ngandharake Undha Usuking Basa Jawa
Ana
ing buku Kasusastran Djawa I,
dijlentrehake babagan undha usuking basa jawa. Ing buku kuwi wis ditata kanthi
iketan kang apik, runtut, lan nganti bisa dadi basa kang endah. Alasan njelasake
babagan iki yaiku supaya bisa kanggo pasinaon marang para siswa SMP lan SMA.
Amarga siswa saiki wis padha ninggalake unggah-ungguh nggunakake basa jawa kang
trep ing saben papan panganggone.
Saka
pratelan ing bab iki, diarepake para siswa bisa sinau lan uga bisa ngetrepake
unggah-ungguh basa marang wong liya. Kayata basa ngoko utawa djawa dwipa yaiku
guneme bocah padha bocah. Wong tuwa marang wong nom kang ora ngajeni, bendara
marang abdine. Tembung-tembunge ngoko kabeh, ater-ater lan panambange uga
ngoko. Tuladhane yaiku “Aku arep menyang pasar, kowe tunggua omah”.
Basa
ngoko andhap ana warna loro yaiku antya basa iku guneme wong tuwa marang wong
nom sing luwih dhuwur pangkate, utawa priyayi pada priyayi sing wis raket
banget sesrawungane. Tuladhane yaiku “Sliramu apa ora tindak menyang kantor?”.
Lan basa antya iku guneme wong tuwa sing
luwih dhueur pangkate, tembung “kowe” dadi “panjenengan”.
Basa
madya ana warna telu yaiku madya ngoko iku guneme baku padha bakul, tuladhane
yaiku Dika sadjak kesusu ngadjak milih kula, onten prelune napa, ta?.
Madyantara iku geneme priyayi cilik padha priyayi cilik, utawa priyayi marang
sadulure sing luwih endhek pangkate. Tuladhane sampeyan rak empun duwe tumbak
sing liwih apik, ta?. Madya krama iku guneme bojone priyayi marang sing lanang,
tuladhane “Pakne, wantji ngetan kok empun adjeng tindak teng kantor, napa kathah
padamelan?.
Basa
krama ana warna telu yaiku krama lugu uga diarani kramantara, iku genemane wong
lumrah padha wong lumrah, utawa wong tuwa marang wong nom sing tanpa pangkat
(dudu sadulure dewe). Tuladha “Kala wingi sampeyan rak sampun kula criyosi, bilih
kula boten saged dhateng saderengipun jam sedasa. Muda krama iku kramane wong
muda marang wong wreda, murid marang guru, priyayi padha priyayi. Tuladha
“Manawi panjenenganipun ibu marengaken, kula badhe ndherek. Wreda krama iku
kramane wong wreda marang wong muda, tuladha “Nak, kabare sampeyan sampun
dicriyosi dening Mas Lurah”.
Krama
inggil iku geneme kaum krama marang kaum ningrat, utawa priyayi cilik marang
priyayi luhur. Tuladhane “Sowan dalem ing ngarsa panjenengan, dalem prelu
nyadhong dhawuh dalem.
Krama
desa iku basane wong desa kang lumrahe padha isih wuta sastra. Tembung-tembung
kang dienggo yaiku:
1. Tembung
krama utawa karama inggil dikramakake maneh, kayata : nama-nami, tebih-tebah,
lan waja-waos.
2. Nganggo
tembung krama inggil tumrap awake dewe (utama-purusa, wong kapisan), kayata :
asta kula lan kula paringi.
3. Nganggo
tembung-tembung kawi, kayata : redana (saka tembung kawi hardana ateges dhuwit.
4. Mirid
kaanan, kayata : ambetan-duren, samberan-pitik, singgetan-pete.
5. Wis
nduweni teges dewe, kayata : dhekeman dhele lan watesan-semangka.
Sabanjure yaiku basa kasar, lumrahe
kedadean saka pamore tembung ngoko tembung kasar, iku basane wong sing lagi
muring. Lan sing pungkasan yaiku basa kadhaton (basa bagongan), iku guneme para
sentana lan abdining ratu ana ing sajroning tjepuri kadhaton. Basa kedhaton iku
pamore tembung-tembung krama karon tembung-tembung basa kedhaton. Ater-ater lan
panambang yen sing guneman iku sentana padha sentana, abdining ratu padha
abdining ratu, utawa sentana karo abdining ratu, ora dikramakake. Dene manawa
sentana utawa abdining ratu iku guneman karo pangeran, ater-ater lan panambang
mawi dikramakake.
B.
Cara
mraktekake Undha Usuking Basa Jawa Marang Siswa
Para
siswa ing jaman saiki wis cukup manawa ngerti lan bisa ngecakake tatarane basa
jawa warna telu, yaiku : ngoko (ngoko lugu lan
ngoko andhap antya basa), krama lan krama inggil. Tatarane basa jawa
liya-liyane (basa antya, basa madya , krama desa, lan liya-liyane) cukup dadia
pangerten wae.
Carane
yaiku kita sing wis bisa lan ngerti babagan unggah-ungguh basa, kudu bisa
ngajarake marang para siswa. Dijelasake kanthi rinci lan diwenehi tuladha
supaya para siswa bisa apik anggone nganggo basa jawa. Lan saben tataran uga
ana tembung-tembung supaya para siswa bisa mbedakake tataran siji lan liyane.
BAB III
PENUTUP
A.
Kesimpulan
1. Basa
jawa iku ana tatarane yaiku ngoko, ngoko andhap, basa madya, basa krama, krama
inggil, krama desa, basa kasar, lan basa kadhaton.
2. Tataran
sing cukup dimangerteni cukup telu yaiku ngoko (ngoko lugu lan ngoko andhap),
krama lan krama inggil.
B.
Saran
1. Kudu
bisa ngecakake basa sing apik lan runtut, supaya bisa nguri-uri basa jawa.
2. Kudu
bisa nuladhani marang para siswa sing durung mangerti cara nggunakake
unggah-ungguh sing trep.
DAFTAR PUSTAKA
Padmosoekotjo S.
1958. Kasusastran Djawa I. Jogjakarta : Hien Hoo Sing.
0 komentar:
Posting Komentar