Katresnan
Dening:
Armin Retno Vitasari
Rasa kang ana ing ati iki
Gawe tumekaning rasa seneng
Ora namung seneng
Nanging ana sedhih
Tresna kang nyata iku
Nalika ana pengorbanan
Ana perjuangan
Lan ana kapitayan sing
rumaket
Tresna ora bakal ilang
Nalika ana rasa peduli
Marang apa sing dadi kekarepan
Lan bisa dadi nyaman
Ana ing ati
Kang dadi rasa
Katresnan salawase
0 komentar:
Posting Komentar