Selasa, 15 Desember 2015

Gambaran Saka Novel Carang-carang Garing



Pentinge Maca Novel Carang-carang Garing

      Buku sing dikarang dening Tiwiek, SA iki nggambarake kasengsarane wong cilik kang dadi korban panguwasan. Saliyane kuwi isih ngadhepi kanyatan pait urip ing pakunjaran. Novel sing terbit ana ing Surabaya iki nyritakake rekasaning urip sing dialami Suyatman kanggo nyukupi kebutuhane kang duwe anak lima, namung anak mbarep wis nduwe bojo.
      Amanat sing bisa kapetik saka novel iki yaiku becik ketitik ala ketara. Tuladha ing crita yaiku tumindak alane Suyatman kang nduweni watak dendam lan mateni ponakane dewe. Lan uga Bambang sing ditresnani Darmini kang nganggep samubarang iku bisa dituku nganggo dhuwit. Tumindak ala iku bakal nyilakani awake dhewe lan bisa gawe ora tentremining ati, apa maneh ngadepi urip kang diilon-iloni rasa wedi. Tur dadi wong aja sok gumeman kasar marang bojo, mundhak katirukake marang anak.
      Dene dadi anak wadon iku kudu bisa njaga diri lan martabate. Sarta ngati-ati anggone pasrawungan karo wong lanang kang durung pati kenal. Tuladha kang bisa nggambarake yaiku ana ing crita novel “Carang-carang Garing”, yaiku Darmini sing lagi kenal marang Bambang pemborong sing mbangun kreteg ana wetan omahe. Jebule Bambang iku si kumbang kang sejatine mung butuh ngisep madu.
      Lan nduweo panggaotan sing cetho, aja nganti golek dhuwit kanthi adol diri kanggo nyukupi kabutuhane kaluwarga. Kayata sing digambarake Darmini, menyang kutha entuk  panggaotan dadi germa lan akhire ketemu marang Bambang. Wong sing ora tanggungjawab marga mbiyen wis ngetengi dheweke, banjur digugurake nanging ora di mangerteni marang kaluwargane. Pelajaran sing bisa kapetik yaiku aja percaya karo omongane wong sing lagi wae kenal banjur ngajak tumindak sing ala.

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates