Tresna
kang Lena
Dening :
Armin Retno Vitasari
Sawijining
dina ing desa Pojok, Tuti ngrewangi ibune masak kanggo dodolan sego ana ngarep
omahe. Bu Sulastri mbukak warung makan ana ngomah. Dene Pak Sahid bojone namung
petani biyasa. Sing asile namung njagakake kahanan bumi. Dhuwite ora sepiraa,
nanging bisa cukup kanggo nyambung napas. Dene kanggo sekolahe Tuti lan adhine
cukup ngandelane bea siswa. Tuti wis kelas telu SMA, Tina adhine isih SD kelas
enem. Nanging semangate Tuti kanggo nuntut ilmu ora kendeg merga biyaya
sekolah. Dheweke saben Ujian Akhir Semester mesthi entuk juara terus. Mula
bapak lan ibune nyemangati terus kanggo masa depanne anake.
Nalika
wayah sore ana wong uluk salam ing ngarep lawang. Tuti gage mbukak lawang jebul
sing teka mas Sandi. Priya sing seneng karo Tuti, nanging bapak lan ibune Tuti
durung ngrestoni Tuti.
“Dhik,
ayo tak ajak metu mlaku-mlaku neng alun-alun”, ajake Sandi nalika mertamu neng
ngomahe Tuti. Tuti gugup lan katon wedi banget. “Arep ana acara apa to Mas neng
alun-alun barang?”, saute Tuti karo gugup. Sasuwene padha jagongan, Pak Sahid
mulih saka sawah lan meruhi Mas Sandi lagi jagongan karo Tuti anake. Wong loro
mau banjur wedi mengko nek Pak Sahid nesu. Jebul Pak Sahid namung gemreneng
kandha menawa wayah sore gek ndang padha mulih, ora pantes dolan suwe-suwe.
Krungu
pocapane bapake Tuti, Mas Sandi banjur pamitan mulih. Mas Sandi umbar janji
menawa dheweke bakal bisa ngentukake atine Tuti, amarga praupane sing resik tur
ayu. Sandi bakal nglakokake apa wae kanggo mgluluhake atine bapak lan ibune
Tuti. Tuti kuwi bocah wadon sing dibanggakake Pak Sahid lan Bu Sulastri. Lan
uga Tina adhine ora luput karo perhatianne wong tuwo. Pak sahid lan Bu Sulastri
kepengin anak-anake terutama Tuti anak pambarepe kuwi, bisa njunjung drajate
wong tuwo supaya dadi anak sing migunani.
Setu
esuk tangi turu, Tuti banjur adus siap-siap mangkat sekolah. Naging sadurunge
mangkat sekolah, Tuti biyasane ngrewangi ibune masak dhisik. Dheweke pancen
bisa ngerti ngenani pagaweyane wong tuwane. Jam enem punjul seprapat, Tuti wis
pamitan mangkat sekolah. Amarga dheweke ngeterake adhine sisan. Ana sekolahan
Tuti di senengi dening kanca-kancane, merga dheweke seneng tetulung lan ora
mbedak-mbedakake kancane. Menawa ana sing arep njaluk warah ngenani pelajaran,
Tuti mesthi langsung ngajari kanca-kancane.
Dina
kelulusan wis arep nekani Tuti, wektu kuwi Tuti wedi banget amarga pengumuman
bea siswa mlebu perguruan tinggi uga diumumake. Jam telu sore Tuti lan Pak
Sahid mangkat menyang sekolahane Tuti. Sawise acara kawiwitan, Tuti donga
supaya asile Ujian apik lan bisa mbanggakake bapak lan ibune. Jantunge
kroncalan nalika diumumake sepuluh besar asil Ujiane. Lan Tuti ora nyangka nek
dheweke diceluk jenenge kanthi nilai Ujian tertinggi. Dheweke banjur ngrangkul
bapake nangis nalika jenenge mlebu sepuluh besar lan entuk juara siji sak
sekolahan.
Tuti
lan Pak Sahid munggah panggung nrima hadiah. Sawise kuwi ana maneh pengumunan
bes siswa sing kalebu sepuluh besar mlebu perguruan tinggi. Salah sijine yaitu jenenge Tuti kalebu ana ing
Fakultas Ekonomi ing Universitas Indonesia. Tuti bungah nalika mboyong asil
sing nyenengake. Sawise acara, Tuti lan Pak Sahid banjur mulih. Tuti bersyukur
banget merga donga lan semangate saka wong tuwane bisa kasil. Dheweke bisa
ngangkat drajate Pak Sahid lan Bu Sulastri.
“Bu,
matur nuwun kangge donganipun ibu saha bapak, kula lulus kanthi biji ingkang
sae lan ugi angsal bea siswa mlebet perguruan tinggi”, tandhese Tuti nalika wis
tekan ngomah.
Bu
Sulastri banjur ngambungi Tuti karo ngrangkul. Tangise ora iso kandeg merga
seneng banget bersyukur anake iso lulus kanthi biji sing apik. Lan uga bisa
nglanjutake kuliyah ana ing perguruan tinggi negeri nanggo bea siswa.
Seminggu
maneh Tuti wis mulai mlebu kuliyah, dheweke bakal menyang Jakarta lan
ninggalake bapak, ibu, lan uga adhine sing wis mlebu SMP. Tuti sedhih amarga
bakal adoh karo wong tuwa sasuwene kuliyah neng Jakarta. Namung adhine sing
bakal ngganteni dheweke kanggo ngrewangi wong tuwo. Tina uga wis ngerti
pagaweyane Pak Sahid lan Bu Sulastri. Dheweke asring ngewangi Bu Sulastri. Dadi
Tuti ayem amarga bapak lan ibu ora dhewe nalika ditinggal kuliyah neng Jakarta.
Tekan
Jakarta, Tuti nbanjur leren merga esuke wis mlebu kuliyah perdanane. Tuti
senemg banget bisa nglanjutake sekolah neng perguruan tinggi. Dheweke bakal
mbuktekake marang bapak lan ibune nek dheweke bakal gawe seneng lan ilmune
bakal migunani. Sejene kuwi dheweke uga bakal ngentukake Mas Sandi, sing
ndhisik durung direstoni dening bapak lan ibune. Saiki Tuti iseh hubungan terus
karo Mas Sandi nanging dheweke adoh amarga Mas Sandi wis nyambut gawe ana luar
Jawa. Tresnane marang Mas Sandi gedhe banget nganti direwangi ngenteni tekan
lulus kuliyah lan golek gaweyan.
Anggone
kuliyah, Tuti lancar ora ana alangan. Wis patang taun dheweke ngrampungake
kuliyahe ana Universitas Indonesia. Dina Minggu bapak, ibu, lan adhine Tuti
mangkat menyang Jakarta kanggo ngrawuhi acara wisudhane Tuti. Dina Senin esuk
Tuti sakaluwarga mangkat menyang acara wisudha. Tuti katon sumringah amarga
dheweke wis bisa mentas saka perguruan tinggi lan bisa nyenengake kaluwarga.
Kursi jejer-jejer ana gedung wis kebak diisi mahasiswa sing diwisudha.
Siji-siji mahasisiwa diceluk mengarep. Sarjana Ekonomi wis nemplek ing samburine
jenenge Tuti. Pak Sahid lan Bu Sulastri lega, Tuti wis ngrampungake kuliyahe
kanthi lancar.
Sawise
diwisudha, Tuti lan kaluwarga banjur mulih. Tekan ngomah wis sore, banjur padha
leren. Nalika Tuti ngabari Mas Sandi menawa dheweke wis rampung kuliyah lan wis
wisudha, Mas Sandi katon cuwa banget. Ora kaya ndhisik nalika durung nyambut
gawe. Apa Mas Sandi lagi akeh gaweyan kok respone sajak beda, gremenge Tuti.
Senin
esuk Tuti nglamar kuliyah ana ing perusahaan swasta ing kotane. Dheweke wis
nglebokake surat lamaran pegaweyane, nagging kudu nunggu telung dina mengko
nunggu panggilan saka perusahaan. Tuti banjur mulih maneh, satekane ana ngomah
Tuti banjur ngrewangi ibune. Bu Sulastri iseh dodolan ana ngomahe, malah
warunge sansaya rame wong. Pancen masakane Bu Sulastri kuwi enak banget. Dene
Pak Sahid iseh nggarap sawah.
“Nduk,
lha olehmu nglamar gaweyan mau sidake piye?”, pitakone Bu Sulastri marang Tuti.
“Kula sampun nglebetaken lamaran wonten perusahaan asing Bu, mangke nenggo
tigang dinten melih. Amargi mangke tasih dipuntraining rumiyin Bu”, jawabe
Tuti. “Ya wis muga wae kasil lan bisa ketrima, ndhuk”, lanjute Bu Sulastri.
Bali sekolah krunggu rembuge ibu lan mbakyune, Tina uga melu seneng mbakyune
wis nglamar gaweyan.
Kemis
esuk, Tuti entuk panggilan saka perusahaan ngandani nek dheweke ditrima ana
perusahaan asing kabebut. Nanging Tuti kudu di training seminggu dhisik. Tuti
seneng banget entuk kabar saka perusahaan kuwi. Dheweke banjur crita marang
bapak lan ibune menawa surat lamarane wis ditrima lan Senin ngarep dheweke wis
bisa nyambut gawe. Sawise ditraining seminggu, Tuti dadi karyawan tetap ing
perusahaan kasebut. Dheweke seneng merga wis nyambut gawe lan ora nyusahake
wong tuwo. Lan kudu mbiyantu marang bapak ibu, uga melu ngragadi Tina adhine
sing saiki wis mlebu SMA.
Nalika
Tuti mulih nyambut gawe, dheweke ngerti kaya Mas Sandi lagi gandhengan karo
wong wadon. Nanging dheweke ora percaya nek kuwi bener Mas Sandi, wong priya
sing ditresnani kuwi nyambut gawe ana luar Jawa. Lan urung ana kabar menawa
arep bali. Bareng dicedhaki, jebul bener Mas Sandi karo calon bojone. Tuti
kaget jebul wong wadon kuwi kancane nalika ana SMA. Mas Sandi banjur njelasake
menawa dheweke ora betah ngenteni tresnane Tuti sawise rampung kuliyah.
Tresnane Mas Sandi uga wis katon sirna marang Tuti. Lali amarga sasuwe tresna
marang Tuti durung tau kok dolan bareng. Amarga Tuti durung oleh restune wong
tuwa. Tuti krungu omongane Mas Sandi mau, banjur mbrebes mili. Luhe ora bisa
diampet maneh. Dheweke banjur mulih kanthi rasa sing banget lara. Atine kaya di
kuciwani dening tresna kang dadi lena amarga luwih apik ngrungokake pituture
wong tuwa. Amarga restune wong tuwa kuwi luwih becik ditindakake supaya entuk
berkah saka Gusti. (cuthel)
0 komentar:
Posting Komentar