PIDATO BAHASA JAWA HARI IBU
Assalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Ingkang kawula hurmati Panjenenganipun ........
Ingkang kawula hurmati Panjenenganipun ........
Ingkang kawula hurmati Panjenenganipun ........
Ingkang
sepindhah sumangga kulo ngaturaken raos
syukur wonten ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampun paring kenikmatan arupi
nikmat sehat katitik wonten wedal punika kula saha panjenengan sedoyo tasih
saget makempal wonten ing UPTD Pendidikan kecamatan Tawangsari sehinggo saget ngengeti
dinten ibu ing wekdal punika kanti kawontenan sehat wal afiat sholawat saha
shalawat saha salam sumangga kita
aturaken dhumateng Nabi Agung kuto Muhammad Saw ingkang kito tengga safaatipun
wonten ing yaumul akhir.
Poro
rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Nabi
Muhammad ngendiko “Ibu menika dados
rohinpu utawi tiyangipun negari. Nalikane
deweke sahe, mongko sahe ugi negarinipun, ananging nalikane deweke tumindak ala utawa bejat
saengga rusak uga tatanan negarinipun.”
Poro
rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Semanten
Pangorbananipun ibu dumateng kito sedaya, wakdal mbobotipun ngantos nglahiraken,
ugi ngerumat kulo saha panjenengan ngantos
akhir dewasa, dados manungso ingkang sae
soho migunani tumrap agami, keluarga, masyarakat saha sumrambahing nusa lan
bangsa.
Poro
rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Mekaten
raos susahipun ingkang dipun raosaken
dumateng poro ibu, milo saking meniku kito sedoyo kedah ngaturaken syukur dumateng Allah swt, ugi dumateng tiyang sepuh kekalih. Menggah perjuanganipun
ngerumat, ngarahaken saha maringi
pendidikan, sehinggo kito sedoyo dados tiyang ingkang nggadahi ilmu pengetahuan
soho saget migunani dumateng sesami, Dados bekti kito sedoyo dumateng tiyang
sepuh kekalih awit perintah Allah. Lan sinten ingkang durhoko dumateng tiyang
sepuh kekalih, milo saking niku tiyang kolo wahu badhe angsal bendunipun Allah
swt. Kanti ngengeti dinten Ibu menika, sumangga kito hiasi donyo punika kanthi
tumindak ingkang sae tumrape agami, keluarga, masyarakat saha nusa bangsa lan
dadoso wanito wanito ingkang sholehah supados saget njunjung nglancaraken kemajenganipun nagari meniko.
Poro
rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Mekaten
kala wau ingkang saget kula aturaken, mbok bilih wonten tindak tanduk muna mini
ingkang mboten mranani ing sedayanipun, kula nyuwun pangapunten ingkang
salebet-lebitipun.
Akhirul Kalaam.
“SELAMAT
HARI IBU”
OOH
BUNDA ADA DAN TIADA DIRIMU KAN SELALU ADA DI DALAM HATIKU
Wassalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakaatuh.
0 komentar:
Posting Komentar