Senin, 04 Januari 2016

Geguritan " Mendhung ing Wayah Sore"



Mendhung ing Wayah Sore
Dening: Armin Retno Vitasari

Langit kang katon cerah
Tumeka awan ireng
Sing ngebaki ngawang-awang
Iku tanda udan bakal tumeka
            Surya ora katon
            Ing wayah manungsa padha wis sayah
            Nanging awan ireng
            Dadi wedining manungsa
            Amarga langit dadi peteng        
            Guntur saut sinaut
Kahanan langit tanpa celah biru
Ibarat wengi
Tanpa sorotan lintang
Kang dadi padang ing jagad

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates