Selasa, 05 Januari 2016

Geguritan "Godhong kang Tiba"



Godhong kang tiba
Dening: Armin Retno Vitasari

Angin kang sumilir
Saka wetan mangulon
Gawe sumribiting kalbu
Wit-witan kang rembuyung
Katon obah ngiwa nengen
            Siji mboko siji
            Godhong sing wis tuwo
            Padha gogrog
            Wiwit tugel saka pang
            Godhong padha kabur
            Kena sumribiting angin
            Kang gawe reged ing latar

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates