Selasa, 12 Januari 2016

Geguritan "Lara Ati"



Lara Ati
Dening: Armin Retno Vitasari

Apa sing dak rasakke?
Yaitu lara...
Lara kang gawe sedih ing ati iki
Amarga tresna kang ora kacipta
                Tresna iki kaya kanggo dolanan
                Kang ujunge gawe ribut
                Ati iki kelara-lara
                Nalika tresnaku ditinggalake

Selasa, 05 Januari 2016

Geguritan "Sawah"




Sawah
Dening: Armin Retno Vitasari

Atusan wit pari kang katon sumilak
Banyu sing bening dadi panguripane
Kapathok-pathok dening galengan
Bisa dadi endahe kahanan ana kana
Walang-walang sing mencok
Swarane sing bising
               Bisa dadi asrining tanah padesan
               Nalika wayah panen
 Parine padha mentiyung
               Nandhakake menawa wis bisa dipanen

Geguritan "Rembulan Wengi"



 Rembulan Wengi
Dening: Armin Retno Vitasari

Wujudmu dadi tanda
Ing wayah wengi
Lan dadi sorotan
Ana ing alam donya
Tansah ngawe-awe ayune
      Kancamu atusan lintang
      Kelap-kelip dadi
      Sampurnane mbulan cumlorot
      Madhangi jagad
      Sing peteng ndedet
      Nganti tumekaning esuk

Geguritan "Godhong Garing"



Godhong Garing
Dening: Armin Retno Vitasari

Wait-witan kang dadi
Rumaketing godhong-godhong
Nanging…
Nalika tumekaning wayah gogrog
Werna kang katon ijo royo-royo
Dadi werna jene
            Nalika tumekaning angin
            Siji mboko siji
            Padha ucul saka pang
            Ana ing sajroning wit
Nalika wis ana ngisor
Wis padha layu
Ora kaya katon rembuyung
Nalika iseh ana ing
Sajroning wit-witan

Template by:

Free Blog Templates