Senin, 28 Desember 2015

Geguritan "Kembang"



Kembang
Dening : Armin Retno Vitasari

Aku mlaku dhewekan
Tanpa arah lan tujuan
Ana sajroning taman
Akeh kembang sing padha mekar
            Sedela mripat iki sayu
            Ngulati saben kembang padha layu
            Sing nggambarake perasaanku
            Kebakar rasa cemburu

Geguritan "Pitik Cilik"




Pitik Cilik
Dening : Armin Retno Vitasari

Mrana mrena namung melu turut mburi
Pating kelik njaluk pakan
Rina wengi tansah diangremi
Amarga adem ing wayah bengi
            Wayah esuk marani pakanan
            Wayah sore bali menyang kandhang
            Ora duwe kesel mlayu rana mlayu rene
            Tansah nurut marang mboke

Geguritan "Esem Manis"



Esem Manis
Dening : Armin Retno Vitasari

Ati iki saya suwe banget nyaman
Amarga tresna marang sliramu
Rasa bungah iki dadi semangate ati
Semangat kang ora ana enteke
            Nalika nyawang sliramu
            Ati iki krasa ayem
            Nyawang esem manismu
            Ora ilang saka ulatku
            Nganti tumekane pati

Geguritan "Sepi ing Wayang Wengi"



Sepi ing Wayah Wengi
Dening : Armin Retno Vitasari

Ora ilang saka padhangan iki
Nyenyet kahanan ing njaba
Peteng ora ana sliweran wong lewat
Rasane kaya pengen mbengok
Nanging ora wani
Ora wani karo sepine kahanan wengi
            Rina wengi rembulan sing tansah ngancani
            Padhange nembus celah ing godhong-godhong
            Nanging wayah padhang mbulan ora ana bocah metu
            Metu kanggo dolanan bebarengan
            Sing tak sawang namung klibetan godhong
            Kanginan ing wayah wengi

Template by:

Free Blog Templates