Senin, 04 Januari 2016

Geguritan "Kekancan"



Kekancan
Dening: Armin Retno Vitasari

Wiwit cilik
Bebarengan anggone dolanan
Nalika bubar sekolah
Wis padha kumpul
            Kanca ana nalika seneng
            Lan uga ana nalika susah
            Kabeh kadadeyan dilewati bebarengan
            Kanthi rasa ikhlas
Kekancan ndadekake
Rumaketing tali paseduluran
Wiwit saka cilik
Nganti tekan seprene
Kanca terus ana
Kanggo semangating urip

Geguritan "Embun ing Wayah Esuk"



Embun ing Wayah Esuk
Dening : Armin Retno Vitasari

Kabut sing nutupi kahanan wayah esuk
Katon putih ning sawangan
Wit-witan katon samar-samar kasawang mata
Gegodhongan padha teles
Amarga kena tetesane embun
            Wayah esuk kang gawe bungah
            Kagawa marang endahing kahanan njaba
            Kabut sing tumetes ana ing sajroning pipi
            Dadi sumringahe ati iki

Geguritan "Wit-witan"



Wit-witan
Dening : Armin Retno Vitasari

Katon ing sawangan saka mata
Jejer-jejer ngrembuyung
Kanginan dadi edum kahanane
Maneka warna manfaat sing bisa dijupuk
            Godhong-godhong dadi kancane
            Nalika angin teka
            Swara-swara gemrisik padha muni
            Nadhakake asri kahanan ing sakupenge wit-witan

Geguritan "Prau Cilik"



Prau Cilik
Dening : Armin Retno Vitasari

Alembak-lembak banyu ning segara
Kepontang panting gedhene ombak
Namung bilah kayu sing nglakokake
Alon lakune ana tengah segara
            Nalika wis tekan tengah segara
            Wujude ora katon maneh
            Kagawa karo banyu segara
            Sing katon jembar nalika disawang mata

Geguritan "Krikil-krikil Panas"



Krikil-krikil Panas
Dening : Armin Retno Vitasari

Sorotaning surya saya gawe panas ing awak
Sing ana bumi iki kena panase surya
Nalika mlaku ana ing sajroning krikil
Sikil krasa lara lan panas ing tlapakan
            Krikil iki ora bakal lena
            Umpama duwe tutuk
            Bakal mbengok kelaran
            Awakku kapanasan ...
            Awakku aboh kabeh ...
            Aku dadi pidakane wong-wong liwat
            Nanging krikil iki ora bisa ngomong
            Namung bisa meneng nyawang apa sing bakal kliwat

Template by:

Free Blog Templates